Jumat, 29 Juni 2012

Tata Kramanipun Bocah Marang Tiyang Sepuh

Sakmenika wonten karangan ingkang ngandharaken menapa kemawon tata kramanipun tiyang enem kaliyan tiyang ingkang linuwih sepuh.



TATA KRAMANIPUN BOCAH MARANG TIYANG SEPUH


Jaman samenika kathah bocah ingkang mboten saged mbedaake tata krama marang tiyang ingkang luwih sepuh. Bocah sakmenika mboten saged mbedaaken kadhos pundi tingkah laku utawi perilaku ingkang ditindaake lan basa ingkang digunaake. Bocah biasanipun mboten sopan menawi ngalokni kegiyatan kaliyan tiyang sepuh lan ngendhika ngagem basa ngoko lugu. Bocah sakmenika ngrasani tingkah laku utawi perilaku kang ditindaake menika mboten salah. Malahan, perilaku utawi tingkah laku kang ditindaake sampun dados kebiasaan ingkang mboten saged diberantas.
Perilaku menika sampun dados budaya wonten papan – papan sentral. Contonipun wonten griya lan sekolah. Menawi wonten griya, bocah menika nindaake perilaku utawi tingkah laku ingkang mboten sopan lan ngagem basa ingkang mboten becik kaliyan tiyang sepuh. Menawi wonten sekolah, bocah menika ndamel kegaduhan lan mboten ngagem basa ingkang becik marang bapak utawi ibu guru.
Sakmenika wonten conto perilaku utawi tingkah laku tata krama bocah marang tiyang sepuh. Ingkang sepisan, bocah ngagem basa krama alus menawi ngendikan kaliyan tiyang ingkang luwih sepuh. Mboten ngagem ngloko lugu utawa ngagem basa gaul, ora ilok. Ingkang kaping kalih, bocah kudu pamitan menawi badhe lunga. Menawi bocah sakmenika mboten pamitan, otomatis bapak utawi ibu bocah menika mesthi nggoleki bocah ingkang dereng pamit wau. Ing kaping tiga, bocah nyuwun pangapura menawi kagungan salah marang wong tuwane. Wong tuwa menika sampun susah payah ndidik larene supaya kagungan tingkah laku ingkang becik lan mboten neka – neka. Tapi, menawi bocah menika kagungan salah marang wong tuwane lan bocah menika mboten gelem nyuwun pangapura, mesthi wong tuwa menika nggih mboten gelem nerima pangapuranipun saking bocah menika. Conto ingkang kaping sekawan yaiku ndongake wong tuwa supaya selamet donya kalihan akhirat. Bocah ingkang ndongaake wong tuwane menika kalebet bocah ingkang bekti marang wong tuwane. Bocah menika insyaallah selamet donya lan akhirat, lan insyaallah mlebet suarga.
Bocah kudu kagungan tata krama marang tiyang sepuh. Tiyang sepuh menika mesthi ndongaake bocah menika supaya selamet donya akhirat. Mangka, bocah – bocah jaman sakmenika kudu kagungan tata krama menawi ngadepi marang tiyang ingkang luwih sepuh.



~~^*##*^~~

Tidak ada komentar:

Posting Komentar